Sore kie hawane mendung temen yah? Kayane anu garep udan loh. Mangkat ngarit apa ora yah jan?
Tok tok tok tok tok Assalamualaikum
Kang Jenggul: Walaikumsalam. Eh koe Man. Ngeneh mlebu man. Ana apa kie? Tumben sore-sore dolan meng umahku.
Rahman: Iya kie kang enyong genah arep nyamper rika kon mangkat ngarit koh. Tapi hawane kayong ora mitayani banget. Kayong garep udan apa yah kang?
Kang Jenggul: Kayane loh man. Mendung banget pancen kiye.
Rahman: Dadi dewek garep mangkat ngarit apa ora kiye kang?
Kang Jenggul: Tetep mangkat baelah. Ngger ora mangkat ngarit mengko wedusku garep mangan apa? Sega apa? Ya ora pada doyan yah
Rahman: Gaxgaxgaxgax ya ayuh nek garep mangkat kang. Gageyan mbok selak udan
Kang Jenggul: Ya aja langsung. Bar ngasar bae mbok? Yuh pada ngasar ndipit nang langgar.
Rahman: Ya nganah rika bae kanglah. Enyong tah ora. Anu lagi males banget sembayang koh.
Kang Jenggul: Seh seh seh seh. Wong wis dadi kewajibane koh males. Kanan-kanane kepriwe koe koh man? Koe wong islam pa udu sih?
Rahman: Ya islam koh kang.
Kang Jenggul: Lah jerene wong islam kon sembayang koh males. Islam kue ora mung nang KTP tok man. Tapi nang perbuatan juga. Ngakune islam tapi ratau sembayang kue jenengane ya wong munafik man. Sembayang kue tiang agama. Ibadah sing pertama ndipit di hisab nang gusti Allah kue sembayang man. Bar kue nembe ibadah liane. Paham ora kue jal ?
Rahman: Iya mandan paham kang.
Kang Jenggul: Dadi percuma bae man misale ana wong kelakuane maen banget, sregep nulungi wong liya tapi deweke ora tau sembayang. Genah ibadah sing pertama ndipit di deleng nang gusti Allah kue sembayang. Dadi eman-eman banget ngger koe wong islam tapi ratau sembayang man.
Rahman: Iyalah kang enyong siki wis temenan paham.
Kang Jenggul: Nah kaya kue. Ayuh pada sembayang bareng nang langgar. Bar kue gari mangkat nggolet suket.