Ora patut banget panase yakin. Matahari siji kaya mataharine ana
sanga. Ujar-ujare pilem kera sakti mbok. Bali kuliah panase ora eling,
mending tuku es marimas disitlah nang warung ngarep asrama. Bar kue es’e
gari digawa meng kamar.
Oh iya coy. Kenalan disit. Jenengku Karseno. Batir-batirku ngundange Seno. Enyong kue bocah paling ngganteng se-asrama pgsd. Walopun mandan tomboy stitik. Enyong kuliah nang PGSD bumen smester 3. Enyong ngekos nang asrama. Kamarku kamar C17. Kamarku nang nduwur tapi blok sing kidul. Asramane ana 2lante. Nang asrama enyong sekamar karo Slamet Murwono. Sing biasa diundang Mame. Bocah mirit pekutan. Bocaeh jorok banget yakin. Aduse kue angger lagi bombong tok. Angger lagi ora bombong ya ora gelem adus. Angger lagi turu juga seneng banget nglindur.
Kie anu nembe bali kuliah. Jam 12 dadi panase pol. Lagi enak-enak nginum es nang kamar koh enyong krungu suara bocah lagi nyanyi.
“SEMAKIN KU KEEJAR, SEMAKIN KAU JAUH, TAK PERNAH LETIH MENDAPATKANMU”
Oh jebulane si mame. Bali kuliah munggah tangga meng nduwur karo nyanyi. Geol bgt yakin nyanyi lagune five minute. Suarane mame pancen apik. Apik nek meneng maksude.
Tok…tok…tok
WU…U…U
“Mlebu bae me, lawange ora dikunci”
“Jand seno seger temen panas-panas ngombeni es. Njaluk sen”
“Mengko yah me ngger wis entong”
“Lah pelit koelah”
Ora sue maning bar kue enyong krungu suara maning.
“Ting…ting…ting…ting ting”
Oh ternyata bakul Mie Ayam Idola lewat. Mie Ayam Idola kue Mie Ayam sing biasa mangkal nang ngarep asrama ngger awan.
Ujug-ujug mame ngajak enyong tuku Mie Ayam Idola
“Sen wis madang rung? Tumbas Mie Ayam Idola bae yuh?
“Urung me. Ya ayuh tuku. Lagi males mangan sega juga enyong koh. Anu biasa mangan keju sih”
“Tapi duitku wes meh entok koh sen. Utangi senlah.”
“Enyong ra ana me. Duitku juga wis entong koh. Mau anu bar nggo tuku SALEP 88 nggo ngobati dampa ramari-mari kie.”
“Yowislah. Oh iya sen aku ndue ide ki. Kae mie ayame kan regone 3ewuan. Dewek tuku setengaeh wae yuh? Tuku sewu mangatus wae.”
“Sih gundulmu ambles apa me? Tuku sewu mangatus si olih apa? Paling ya olih kuah karo cesin seler tok.”
“Yowislah ben mandan patut, tuku 2ewu wae yuh sen?
“Ya ayuh jajal bae”
Bar kue enyong karo mame langsung mlaku meng ngisor marani bakul mie ayame.
Mame langsung ngomong meng bakule
“Mas tumbas mie ayam kalih. Blok nduwur sebelah kidul nggih?”
“Oh nggih mas”
“Tapi tumbase sing 2ewuan angsal mboten mas?”
“Angsal mas. Sante mawon kalih kulo”
“Oh matur nuwun sanget mas. Mas nek tumbas 2ewu wonten bonus cekere mboten?”
“Nggih wonten mas. Tapi cekere bakule. Purun mboten?”
Gaxgaxgaxgaxgax enyong langsung ngakak krungu jawabane bakul mie ayam.
Jawabane mame
“Ah mase iki ono2 wae. Moso bonuse ceker menungsa. Yo wegah aku toh yo?”
Bar kue yah si mame langsung ngrisiki enyong.
“Sen sen sen bakul mie ayame jebule ngganteng bgt yoh? Mirip koyo artis Fauzi Badilah. Nganggone sandal jepit swalow warna biru. Topine topi pelukis. Clana pendek kaos oblong.”
Enyong njawab
“Iya me bener banget kue. Jal kenalan me, takon jenenge sapa?”
“Oke sen”
Jawabane mame
Mame langsung takon meng bakul mie ayam.
“Mas arane sopo mas?”
Bakul Mie Ayam njawab
“Kulo arane Miftakhul Firdauz mas. Tapi biasa diundang Idoz.”
¤Bersambung¤

Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan tuliskan komentarnya ya sobat? Kritik dan saran dari sobat semuanya akan sangat bermanfaat bagi penulis.